Kamis, 26 Desember 2013

Geguritan



PUJI INGSUN
Maring: Muhammad Nasir

Sedaya kanugrahan gesang

Ing bumi pratiwi iki

Aduh Gusti…

Kula ngawula

Ngaturaken sinembah bekti

Ugi,

Sedaya ros-rosaning balung kang gumantung

Tes-tumetesing rah

Saking pucukaning punika sirah

Tumeka dlamakan kang pinancik ing lemah

Ngaturaken sedaya wewernaning puji

Awit segara nikmat kang marupi-rupi

Duh Gusti…

Sungkem kula mugi Panjenengan tampi