Rabu, 13 November 2013

Sastra Jawa


KAWULA SANTRI



Kawula santri kang wedi pati
Enget hisabing siksa Ilahi
Siksa tan kena sirna
Selagi tirahan cemenging dosa
Taksih nyingepi alaning jiwa


Nanging kawula santri
Tetepa munkar kang den tindakna
Kemaksiatan dadi nyampingan
Nafsu angkara kang nguru-ara
Sedaya obahing jiwa raga


Kawula santri
Pengena dadi tuladha
Tumraping kawulaning Gusti
Tuladhan kang wicaksana
Njunjung adab lan wirangi


Nanging kawula santri
Lelakon becik tansah dituladhani
Malah kepara tan bisa bedakna
Opo iku siksa utawa coba
Opo iku nafsu utawa panulunging Ratu


Pancen kawula santri
Manungsa ina
Kang namung bisa nyupena

sastra jawa


Jaman yang semakin menakutkan. Entah hanya aku yang merasakan, atau kalian juga merasakan. Ketika berbuat kebajikan sangatlah susah, tak bisa bedakan putih dan hitam. Seakan semua buram. Nyawa pun seakan tiada berharga. Semoga saja kita selalu dibawah naungan-Nya. Amiieen..


 Syi'ir KALATHIDA
(Terinspirasi oleh Serat Kalatidha)

Oleh: Muhammad Nasir

Amenangi kala tidha
Urip tan saya rekasa
Ewuh aya ing pambudi
Amar ma'ruf den wawali

Kawuryan wus sunya ruri
Karana tanpa palupi
Kamungkaran mubal nggeni
Mbrentek amratani bumi

Manungsa wus padha wuta
Sebab gumebyaring dunya
Tan enget maring Hyang Widdhi
Gusti Alloh kang Pinuji

Raja lumrahe jubriya
Ngumbar swara tanpa nyata
Pandhita mung edi sabdane
Tan selaras marang patrape

Sukma tiyang tan karega
Rah angelebi buwana
Amarga cemenging ati
Kasingep kebuling iri

Yo dulur jaga-jinaga
Karukunan maring tangga
Aja malah dho dak siya
Gusti Alloh tansah prisa

Aluamah dipun reksa
Jo nganti dhawah ing nista
Mundak dadi wong duraka
Kang panggone ing neraka

Ilahana Ya Robbana
Ajiz lana 'athoana
Waghfir lana dzunubana
Wasyroh lana shudurona