KAWULA SANTRI
Kawula santri kang wedi pati
Enget hisabing siksa Ilahi
Siksa tan kena sirna
Selagi tirahan cemenging dosa
Taksih nyingepi alaning jiwa
Nanging
kawula santri
Tetepa
munkar kang den tindakna
Kemaksiatan
dadi nyampingan
Nafsu
angkara kang nguru-ara
Sedaya
obahing jiwa raga
Kawula santri
Pengena dadi tuladha
Tumraping kawulaning Gusti
Tuladhan kang wicaksana
Njunjung adab lan wirangi
Nanging
kawula santri
Lelakon
becik tansah dituladhani
Malah
kepara tan bisa bedakna
Opo
iku siksa utawa coba
Opo
iku nafsu utawa panulunging Ratu
Pancen kawula santri
Manungsa ina
Kang namung bisa nyupena
Tidak ada komentar:
Posting Komentar